SEJARAHIPUN BATIK

prakerinmisntv

 Batik sajatosipin saking basa Jawa "amba" ingkang ngadahi arti "titik". Batik menika hasil kerajinan ingkang bahan dasaripun saking sindjang utowo mori pethak ingkang dipunparingi motif ngagem malam lan canthing.

Bathik iku kasil kerajinan tekstil sing migunakaké malam (lilin) lan canthing kanggo menèhi motif utawa gambar ing kain. Bathik wis suwé ana, kurang luwih kawit 2000 taun kepungkur. Asal tembung bathik yaiku ambathik saka tembung amba lan titik (basa Jawa) sing maknané: nggambar utawa nulis.

Werna werna utama bathik Jawa yaiku werna biru nila lan soklat. Celupan biru lan soklat sing digabung kain putih iku dadi perlambang 3 déwa Hindhu (Siwa, Wisnu, lan Brahma).

Bathik iku uga salah sawijining cara gawé rerupan ing batan sandhangan Kejaba iku, bathik uga ngrujuk marang rong perkara. Sing sepisan, cara mernani (gawé werna) kanthi migunakaké malam kanggo nulak werna ngresep ing kain. Ing literatur internasional, teknik iki ditepungi kanthi peparab wax resist dyeing. Pangenin kaloro yaiku kain utawa busana sing digawé kanthi migunakake cara kasebut, klebu kagunan motif-motif tartamtu sing khas.

Bathik Indonésia, kanthi midhangetaké sakabehane teknik, teknologi, sarta motif lan budaya sing gepok- sénggol, déning UNESCO wis ditetepaké dadi Warisan Kamanungsan kanggo Budaya Lisan lan Ora Wujud Barang (Masterpieces of the Oral and Intangible Heritage of Humanity) wiwit 2 Oktober, 2009.

Sejarahipun batik wonten Indonesia dipun wiwiti awit jaman kerajaan Majapahit kaliyan penyebaranipun agami Islam wonten tanah Jawi. Mila, batik sampun wonten awit abad XVII lan dipun lajengaken kaliyan kerajaan sanes wonten tanah Jawi. Perkembanganipun batik dipunlestarikaken kanthi saestu awit jaman kerajaan Mataram wonten Solo lan Yogyakarta.

Seni gawe kelir ing kain kanthi migunakaké malam iku sawijining teknik lawas saka jaman kuna. Panemon ing Mesir nuduhaké yèn cara iki wis ditemokake ing abad ka-4 SM, kanthi ditemokaké kain bungkus mumi sing dilapisi malam kanggo gawé pola. Ing Asia, teknik kaya bathik uga ditrapaké ing Tiongkok jaman Wangsa Tang (618-907) sarta ing India lan Jepang jaman Periodhe Nara (645 794) Ing Afrika, teknik kaya bathik ditepungi Suku Yoruba ing Nigeria, sarta Suku Soninke lan Wolof ing Senegal.

Ing Indonésia, bathik dipercaya wis ana wiwit jaman Majapahit, lan dadi populer nalika pungkasane abad XVIII utawa wiwitane abad XIX Bathik kang díasilké yaiku kabèh bathik tulis nganti wiwitane abad XXX lan bathik cap nembé ditepungi sakwisé ana Perang Donya I utawa taun 1920 an. Tembung "bathik" asalé saka basa Jawa, nanging bathik ana ing Jawa ora kacathet sajarah metuné G.P. Rouffaer duwé pandhapat yen teknik bathik iki dimungkinaké ana lan ditepungaké saka India utawa Srilangka nalika abad kaping 6 utawa kaping 7. Sakliyané iku, JL.A. Brandes (arkéolog saka Walanda) lan FA. Sutjipto arkeolog saka Indonésia) duwé kapercayan yèn tradhisi bathik yaiku asli saka dhaérah kaya Toraja, Flores, Halmahera, lan Papua. Wilayah- wilayah mau dudu wilayah kang kena pangaruh saka Hindhuisme ananging bisa dingertèni yen wilayah mau duwé tradhisi kuna kanggo gawe bathik.

GP Rouffaer uga nglapuraké yèn pola gringsing wis ditepungi wiwit abad kaping 12 ing Kediri, Jawa Wétan. Dhèwèké uga nyimpulaké yen pola kaya mau iku mung bisa digawé nganggo wewujududan kang jenengé canthing, mula dhèwèké banjur duwé pendhapat yèn canthing ditemokaké ing Jawa ana ing jaman semono. Dhetil ukiran kain kang méh kaya pola bathik dianggo déning Prajnaparamita, yaiku ana ing reca dewi kawicaksanan buddhis saka Jawa Wetan abad kaping 13.

Dhetil klambi kang nampilaké pola sulur wit-witan lan kembang- kembang kang angél méh kaya pola bathik tradisional Jawa kang bisa ditemokaké jaman saiki. Iki nudhuhaké yèn gawé pola bathik paling angel lan mung bisa digawé nganggo canthing wis ana ing Jawa wiwit abad kaping 13 utawa malah sadurunge kuwi uga wis ana.

Legendha ana ing literatur Melayu abad kaping 17 Sulalatus Salatin nyritakaké Laksamana Hang Nadim kang diwenehi préntah déning Sultan Mahmud kanggo berlayar menyang India kanggo golek 140 lembar kain serasah kanthi pola 40 jinis kembang ana ing saben lembaré. Merga ora bisa netepi wajib kang diwenehké Sultan Mahmud, dhéwéké banjur gawé dhéwé kain-kain mau. Nanging kapal kang dinggo banjur kérem ana ing lelaku bali lan mung bisa nggawa patang lembar kang ndadèkaké Sultan kuciwa.

Ana ing literatur Eropah, teknik bathik iki pisanan dicritaké ana ing buku History of Java (London, 1817) tulisané Sir Thomas Stamford Raffles. Dhèwèké tau dadi Gubernur Inggris ing tlath Jawa nalika jaman Napoleon saka Walanda. Taun 1873 saudagar Walanda Van Rijekevorsel menehi saklembar bathik kang oleh nalika ana ing Indonésia marang Etnik ing Rotterdam lan wiwitané abad kaping 19 kuwi bathik ana ing mangsa kajayané. Nalika dipamèraké ana ing Exposition Universelle ing Paris taun 1900, bathik Indonésia ngagètaké publik lan seniman.


Dikutip dari karya Djati Prihantono Dalam buku Bathik, Identitase Wong Jawa, Ditulis kembali oleh Rofiqoh Maula Alghina